Selamat Datang Di Blog Fajar GBp

Petruk Madeg Pandhita


     Kocap kacarita,  praja Ngamarta minangka punjering negarane Para Pandhawa, dumadakan konclang kaya keterak dahuru. Akeh para nayakaning cintraka. Para Krurawa saka Ngastina, babar pisan ora duwe kreteg menehi pambiyantu marang kadang Pandhawa kang nandhang coba. Saka pratikele Patih Sengkuni lan didhombani dening Pandhita Durna, Kurawa malah duwe panganggep yen kahanan iki mujudake sawijining kalodhangan kanggo nyirnakakepara Pandhawa. Ndilalah wektu iku, Pandhita Durna lan Patih Sengkuni kang lagi mranata wadyabala Kurawa ana ing alas Kurmanggala, malah kadusta dening utusaning Ratu Gandarwa saka Praja Cundharante. Ujaring kandha, Pandhita Durna lan Patih Sengkuni, maguru dakah warangka dalem nagara Ngastina, bakal dadi tumbal neng negara Cundharante. 
      

     Raden Aswatama, putrane Pandhita Durna, sigra nyuwun pambiyantu marang Adipati karna. Orang suwe, Adipati Karna bisa kasing ngoyak lan ngasorake yudane Senapati Kajiman mau. Malah paningale loro-lorone jinojoh  upas nganti wuta. Beja kemayangan. Kanjeng Adipati banjur kagawa pitulungan saka Prabu Baladewa, Nata Madura. Adipati Karna banjur kagawa lumayu menyang Praja Dwarawati, saperlu nyuwun usada marang Prabu Kresna. 
      

     Kala semana, Raden Arjuna nembe mangun semedi saperlu nuwun sihkanugrahaning Jawata, awujud usada tumrap pageblug ana ing Praja Ngamarta, sarta baline kabeh pusaka kang ilang tanpa lari. Kanthi migunakake minyak Jayengkaton, Raden Arjuna bisa ngonangi playune Pesatnyawa dalah Sambernyawa. Eman Raden Arjuna asor yadane, lan gugur ana pabaratan. 
  



     Bareng nguningani bendarane nemoni tewas, Petruk, ya Ki Lurah Kanthingbolong sigra cantut taliwanda. Senajan tata laire arupa batur tumrap para kadang Pandhawa, Ki Lurah Petruk mono sejatine sawijining satriya Kajiman utawa gandarwa saka negara ing dhasaring samudra. Ki Lurah Petruk  nampa sawijining pusaka sekti awujud kembag Candra Urawan duwekw RAtuning Gandarwa. Kanthi migunakake pusaka mau, Petruk kasil ngusadani Raden Arjuna.
      Eman banget, Raden Arjuna sing mesthine nerusake laku tapa, banjur kaliput apus kramane Raden Aswatama kang njanjeni baline Praja Ngastina marang kadang Pandhawa. Barenf tandhing yuda, Raden Arjuna bali kasoran lan nemoni tiwasmaneh.  
     



     Kanthi sangu pusaka sekti Kembang Candra Urawan, Petruk namur laku lan ngedegne pratapan anyar ana tepis wiringin Praja Ngastina. Kajaba ulah tapa, Ajar Panyukilan kang awatak loman, dhemen aweh usada tumrap kawula kang nandhang lelara. 
      



     Ki Lurah Semar, Gareng lan Bagong kang bingung awit Raden Arjuna nemoni tiwas, enggal-enggal sowan marang Oraja Ngamarta nyuwun pambiyantune putra Pandhwa. Sakawit bisa unggul yudane, nanging bareng dipapagake Sang Nagarangsang, Raden Wrekudara, Raden Gatutkaca, Raden Antasena, Raden Setyaki, sarta para satriya liyane, kasoran lan tiwas ana madyaning paprangan. 
     

     Saka dhawuhe Prabu Kresna, Raden Abimanyu minta sraya marang Ajar Panyukilan, saka patapan Karangsinamur. Pungkasane Ajar Panyukilan uga diminta sraya dadi Senapatining prang saka Praja Ngamarta, saperlu ngadani paprangan lumawan Praja Cundharante. 
     

     Ki Luranh Petruk murina, banjur namakake pusaka Kembang Candra Urawan marang nagarangsang sawadyabalane. Nagarangsang badhar dadi pusaka Dwarawati yaiku pusakane Prabu Kresna awujud sanjata Cakra Baskara. Ratuning kajiman kang bela pati kataman Kembang Candra Urawan badhar dadi Raden Sadewa, dene kembang Candra Urawan malih dadi cangkok Wijawa Kusuma, piyandele Prabu Kresna. 
    

     Gancaring carita, Praja Ngamarta lan Dwarawati bali marang kahanan sakawit, gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem karta raharja.  

6 komentar:

FGBP World mengatakan...

Harus di baca....
:)

Khurin.j mengatakan...

Kak gaada terjemahannya kah?? Soalnya aq gangerti kalo basa jawa yang kayak gini😢

Unknown mengatakan...

Ide pokoknya kok gak ada kak😢

Unknown mengatakan...

Ide pokoknya kok gak ada kak😢

Unknown mengatakan...

Mmksutt ceritana gmn😭
Butuh jasa translate hyungg😭👉👈

waldynaismith mengatakan...

MGM Grand Casino & Resort - MapYRO
MGM Grand 진주 출장마사지 Casino & Resort in Las 군산 출장샵 Vegas, Nevada 대구광역 출장안마 is 경상남도 출장샵 located on Fremont Street and a 20-minute walk from the Fremont Street Experience. This casino and 제주도 출장마사지 hotel is located

Posting Komentar

Cool Blue Outer Glow Pointer


 
Copyright © ™Ayo Podho Sinau™